Kidung Rumeksa Ing Wengi (Warisan kanjeng sunan Kalijogo)

Diposkan oleh Admin on April 25, 2009

Ana kidung rumekso ing wengi, Teguh hayu luputa ing lara, luputa bilahi, kabeh jim setan datan purun, paneluhan tan ana wani niwah panggawe ala, gunaning wong luput, geni atemahan tirta, maling adoh tan ana ngarah ing mami, guna duduk pan sirno, Sakehing lara pan samya bali, Sakeh ngama pan sami mirunda, Welas asih pandulune, Sakehing braja luput, Kadi kapuk tibaning wesi, Sakehing wisa tawa, Sato galak tutut, Kayu aeng lemah sangar, Songing landhak guwaning Wong lemah miring Myang pakiponing merak,
Pagupakaning warak sakalir, Nadyan arca myang segara asat, Temahan rahayu kabeh, Apan sarira ayu Ingideran kang widadari,
Rineksa malaekat Lan sagung pra rasul, Pinayungan ing Hyang Suksma, Ati Adam, utekku baginda Esis, Pangucapku ya Musa, Napasku nabi Ngisa linuwih Nabi Yakup pamiryarsaningwang, Dawud suwaraku mangke, Nabi brahim nyawaku, Nabi Sleman kasekten mami, Nabi Yusuf rupeng wang, Edris ing rambutku, Baginda Ngali kuliting wang, Abubakar getih daging, Ngumar singgih Balung baginda ngusman Sumsumingsun, Patimah linuwih Siti aminah bayuning angga Ayup ing ususku mangke Nabi Nuh ing jejantung, Nabi Yunus ing otot mami, Netraku ya Muhammad, Pamuluku Rasul Pinayungan Adam Kawa, Sampun pepak sakathahe para nabi Dadya sarira tunggal......

Biasane poro sepuh moco kidung iki saben sakwise sholat Tahajjud....

{ 0 komentar... read them below or add one }

Post a Comment

Silahkan menuliskan komentar anda pada opsi Google/Blogger untuk anda yang memiliki akun Google/Blogger.

Silahkan pilih account yang sesuai dengan blog/website anda (LiveJournal, WordPress, TypePad, AIM).

Pada opsi OpenID silahkan masukkan URL blog/website anda pada kotak yang tersedia.

Atau anda bisa memilih opsi Nama/URL, lalu tulis nama anda dan URL blog/website anda pada kotak yang tersedia.

Jika anda tidak punya blog/website, kolom URL boleh dikosongi.


Gunakan opsi 'Anonim' jika anda tidak ingin mempublikasikan data anda. (sangat tidak disarankan). Jika komentar anda berupa pertanyaan, maka jika anda menggunakan opsi ini tidak akan ditanggapi. Lebih baik anda gunakan pilihan dibawah ini:


Jika ingin komentar anda tidak dipublikasi, silahkan klik disini

Masih kesulitan juga membuat komentar? silahkan klik disini